Kamis, 05 Desember 2013

Parikan



Parikan
Parikan yaiku unen-unen kang dumadi saka rong gatra utawa patang gatra lan ngemu purmakanthi
Tuladhane:
 

Bebek si nyilem
Wek dewek si dialem

Tuku kecik karo klapa
Ditimbang ana kendhi
Luwih becik ala rupa
Tinimbang ala budhi

Brambang saksen lima
Berjuang labuh Negara

Anak kebo arane gudel
Rumangsa bodo aja ngeyel

Ali-ali ilang matane
Yen sing nganggo kakean polah
Dilali lalli angel laline
Yen dipikir mumetke sirah

Tikus gedhe jenenge werok
Wis gedhe aja plerak plerok

Awan-awan ndondomi jaket
Dadi prawan aja klelat klelet

Pakde untune ompong
Cekat cekot ketiban atap
Aja kakean omong
Cekat cekot ndang di garap

Luwak mangan tales
Guri enggo titilan
Awak kadung apes
Malam minggu mung dewekan

Kepleset kulit gedhang
Wong keset ora bakal kondang

Wohing mlinjo arane so
Wes kesel ayo ngaso

maling nguntal gadhing
Gething bakal nyanding

gedhang kapok gedhang ijo
wong mondhok oleh bojo

muluk muluk kejedhot lambene
dijaluk sing  llila legawane

Tidak ada komentar:

Posting Komentar