Kriwising Banyu Udan
Sore iku
hawane atis karana kabut awan kang mendung agawe Maryumi mikirake prastawa kang
wis kedadeyan, kadang deweke guya guyu dewe kadang uga nrocohake banyu saka
matane kang blalak-blalak. Saka jendela kamar kang langsung watesan karo wit
jambu, awan kang saya ngklireng, grimis kriwis-kriwis tansah gawe remene
ati Maryumi kanggo ngiling-iling kedadeyan jaman biyen.
Maryumi
kelingan dek jaman dewekke sekolah ana ing bangku sekolah tingkat dasar (SD)
dewekke dikenal kanthi cah wadon sing tingkahe kaya lanang. La iya bener yen
diarani lanang , amarga yen dolan bareng cah lanang-lanang. Dolananne dudu
bekelan, boneka utawa karetan nanging dolananne bal balan, manjat wit jambune
tanggane. Gaweane naming nakali kanca-kancane sing wadon, nalika kancane lagi
bekelan, bal bekele disaut banjur di buang , yen kancane wis nangis gawe bungae
atine Maryumi. Saka nakale Maryumi asring di celuk “cabling” . cabling iku
artine bocah beling (bocah nakal).
Wujude
wadon, ya nek sekolah nganggo rok nanging polahe kaya cah lanang. Cabling ora
gelem yen dolan karo bocah wadon, kabeh kancane lanang. Nanging pas kelas enem
padha moyoki yen Cabling pacare Wawan (Wawan iku kancane Cabling) , saka
poyokan poyokan iku dewekke isin , mulai kelas nem iku Cabling mulai gelem
dolanan karo bocah wadon. Caling mulai latian dadi cah wadon dolanan patahan,
bekelan, karetan lsp.
Pas jaman
sekolah SMP Cabling kepingin banget melu organisasi ing sekolahe nanging
dewekke daftar ora ketrima . ya mungkin amarga Cabling iku omahe adoh saka
sekolahan dadi gurune melas yen kudu melu kegiatan dewekkan. Suwine perjalanan
seka omahe sakjam yen mlaku. Kanca sak desane ora ana sing kepingin melu
organisasi iku. Cabling prustasi, wah jamane SMP jaman mbeling-mbeling e. saben
dina mesthi mlebu ruang “BK(Bimbingan Konseling”. Sing kenal Cabling jaman SMP
ya mung guru BK,guru matematika (konangan yen cabling jarang adus nalika
mangkat sekolah) saha guru bahasa inggris (amarga saben diwulang mesthi turu
lan yen di takoni blengang-blengong kaya kethek ketulup).
Jaman SMA
Cabling nyadar yen nakal iku akeh ora kepenakke , mangka deweke pingin dadi cah
bener, pas SMA di kenal kabeh guru, kakak kelas lan adik adik kelase amarga
Cabling sering melu lomba tingkat propinsi lan dadi wong penting ning
sekolahane.
Kadang guy,
kadang uga netesna banyu mata n tan saya deres saiki sing di piker Cabling
yaiku kepiye carane gawe seneng wong tuwane lan wong sing ana ing sisihe. Saiki
wis ora di undang cabling maneh amarga saiki wis ora beling, sing gawe
bungahing atine Maryumi yaiku gawe wong mesem bae iku wis dadi kebanggaan
kanggo deweke.
Semarang, 15 juni 2013 19.21 (Reni Anggraeni)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar