Selasa, 03 Desember 2013

geguritan

Duwit
Enak rasane
Kakehan bingung kurang ya tambah bingung
Ora ana ambune
Ora manis, ora getir lan ora pait
Ning kabeh padha seneng

Ora tuwa,ora mudha
Ora gedhe, ora cilik
Ora piyayi ora napi
Maling,kiyai,santri
Kabeh ngerti
Kabeh kepengin lan melik

Sing wuta malih weruh
Sing weruh isa wuta karana dewekke
Sengaja ora kepingin weruh marang kahanan liya
Sing sehat dadi lara
Lara jalaran ora sehat pikire

Awu dadi inten
Tembelek dianggep coklat
Kabeh karana duwit


Dondong apa Duren


Ambune akeh wong ora seneng
Rupane agawe wong sungkan ndemek
Boro-boro ndemek
Weruh bae sungkan
Njabane srodoken
Ning jerone alus
Ning rasane enak
Regane iya larang

Bedha karo sing bentuke
Alus njabane
Kadang manis ya kadang kecut
Ning murah regane
Digoleki gampang
Ning jerone srodoken

Menusa iya padha
Kari milih dondong apa duren
Yen dondong enak ora ana halangan
Sawangane apik saka njaba ning jerone kaya mengkana



Buku


Buku-buku tinumpukan kaya gunung
Rapi kaya buku anyar
Ditata siji baka siji
Ning rak kamar

Ning dina iki kabeh bedha kahanane
Tumpukan kaya gunung murak marik
Susunane ora cetha
Bentuke kaya buku lusuh sing wis di enggo pirang-pirang taun

Saisi kamar kaya ssegara buku
Ning kasur ana buku
Ning meja nan buku
Nganti isi pikiran mung buku lan buku

Lunga ning kampus gawa buku
Kamar mandi iya ora klalen
Buku-buku buku

Wingi-wingi ora disaba
Ning saiki digawa-gawa
Ya ngene iki sing jenegane mahasiswa
Sing wayangan nglembur tugas


Deadline Tugas


Buku-buku tiing slengkrah
Ora karuan wujude
Laptop dipanjer
Driji kang mucuk eri padha jejogedan
nari ning duwur keaboard

soca endah mandeng monitor
pikiran dipokusake
tumpukan-tumpukan buku di elongii
siji baka siji banjur dipahami

driji tengkrunyuk
mlaku goleki hurup-hurup
drijine kaya ana matane
jalaran mlaku dewe wis biyasa
wayangan iku tembunge
ngombe kopi kanggo sangu melek wengi







Kudu Lila


Wengi kui aku isih weruh polahmu
Lakumu sing ngesemke ati
Polahmu sing gawe semangatku

Wingi kaya padhatane
Aku isih bisa nyawang gumuyumu
Isih seneng weruh polahmu
Nembe wingi
Kowe dak jaluk ngancani aku
Nembe wingi
Kowe dak jaluk tetep dadi semangatku
Ning
Gusti duwe rencana liya
Kowe kudu bali ning ngarsane
Kowe kudu lunga ninggal aku

Aku kelangan
Kelangan kowe
Aku kelingan nalika ngru,mati kowe
Ning aku kudu lila
Yen kabeh iku kersane sing kuwasa



Tebu


Sing manis iku sing  digoleki
Dirumat awit cilik nganti gedhe
Dipupuk disiyami lan ditresnani
Godonge didadekake pakan sapi

Gunane ora among siji
Nganti dienggo nganti tekan endi-endi
Ning
Nalika sarine dijupuk
Ampase mung dibuang

Ampas sing biyen dadi siji
Saiki mung diidak-idak ora aji
Kaya-kaya ora nana arti
Ning wingi-wingi iku ning ngendi?

Sari manis iku apa iya bisa urip dhewe?
Tanpa ampas sing mbarengi
Wingi diaji-aji
Saiki oradiopeni
Wingi digadang-gadang
Saiki wis ora dirumati


Apa Cukup mung ning Lambe?



Argumenmu kuwat
Kaya karang sing ora owah kena ombak
Omonganmu
Kaya wesi sing kena geni
Angel leleh yen ora dipendhel
Ucapmu
Gawe yakin sing krungu
Kaya-kaya ngalami dewe kahanan sinh kaya mengkene
Apa buku pathokanmu?
Reverensi apa sing mbok ugemi?
Ning
Sliramu lali
Sliramu cetha ning ora peka
Apa ya sliramu ndedelok apa sing ning sekitarmu?
Apa wis tau ngrasakake?
Kahanan kang mengkono







Dina Akhir


Sang surya wis mulai surup
Ntusup kaya dom digoleki ning dami
Bantala nandang sepi
Tirta gumrujuk saka langit
Wit-witan playon diamuk maruta

Akeh akeh tan saya akeh
Titra nibani bumi
Nyebar ning segara kali lan waduk
Kabeh tumplek dadi siji
Tirta,siti,geni

Gedhe gedhe tan saya gedhe
Kenceng tambah kenceng maruta ngamuk
Nuduhake kadigdayaane

Gegiris rasaning bantala
Suara menusa do jejeeritan
Kewan-kewan padaha mebgok
Padha njaluk tulung
Njaluk ngapura
Anak,bojo,keluarga wis pisah kabeh
Sing ana mung awake dewe sing nyoba nglawan bendu kuwi


Bapa Biyung



Ing kalbu kepikiran
Kkepingin mbales ning ora bisa
Sudarma sing golek arta
Puyengan kang nandut
Sangang sasi sangang dina
Abot,gondhal gandhul nyara langkahe
Angel turune ora bebas polahe

Bapa sing golek arta
Rina wengi lali awan lali wengi
Manting balung
Tenaga diperes
Rina wengi golek bnandha
Kanggo nyukupi kebutuhan keluarga
Bapa biyung
Gedhe jasamu
Ora bisa aku mbales jasamu






Jemparing Asmara


Wis kena jemparinge tresna
Lali dunya lali akhirat
Lali dulur kanca lan keluarga
Jarene
Jagat iki kanggo wong loro
Barang diajak pupuh
Tetep dilakoni
Paribasan ngantri
Ludira paling akhir
Ora apa-apa
Asa;l candhak katresnane
Ragane  ehet
Ning pikire keranta-ranta
Ngenteni sing digadhang










Carang Garing


Jamane eneo seger dadi penclokan
Gegodongan
Nggawa beban saka tanggungan
Kudu ngyahi kuwajiban

Suwi-suwi diganti sing enom
Yuswane tambah tuwa
Pawakane saya ringkih
Pasuryane saya ora bringas

Wektu sing dadi patokan
Wis wancine kudu diganti
Kudu tiba saka panggonane
Kahanane wis ora kaya janman dek emben

Yen wis ngono
Among tiba,tiba saka panggone
Dadi barang sing ora migunani
Aja mana dirumat
Nyawang bae ya wegah

Gunane apa
Kanggo gawe geni
Sing bakale among dadi areng


Nahan Kingkin



Mung bisa nahan kingkin
Ngarep sing dewangkara
Tumeka kanggo ngurmati
Kalbune ajur
Remuk ora bisa bali
Rattan sing diliwati buntu
Ora bisa maju iya ora bisa mundur
Ngarep buri jurang
Ora bisa owah ora bisa osik

Rasane isining bawana
Tumubruk ning awake
Abot rasane
Sing diudanimung peteng
Kabeh jlitheng

Sing digadhang-gadhang ilang
Ora nana warta beritane
Kaya kabur kegawa angin


 Dondong apa Duren

Ambune akeh wong ora seneng
Rupane agawe wong sungkan ndemek
Boro-boro ndemek
Weruh bae sungkan
Njabane srodoken
Ning jerone alus
Ning rasane enak
Regane iya larang

Bedha karo sing bentuke
Alus njabane
Kadang manis ya kadang kecut
Ning murah regane
Digoleki gampang
Ning jerone srodoken

Menusa iya padha
Kari milih dondong apa duren
Yen dondong enak ora ana halangan
Sawangane apik saka njaba ning jerone kaya mengkana










Tidak ada komentar:

Posting Komentar