Setan Sing Nyanding
Tetesing banyu udan,angin wengi san saya nggegiris ing
ati uga suara gledek kang sumauran ana langit daadi awal kedadeyan iku. Minggu
wengi tanggal 11 november 2001 minangka pambukaning carita kang gawe gegirising
ati. Gubug kang ana ing ngisor wit pring gading dadi seksi ketemune anak menusa
kang lagi nandang asmara.
Ning desa Gumawang kecamatan Kaliaji Tuban ana
keluarga sing di dadekake sorotan, amarga keluarga iku di kenal elekke. Mbok
Cas nglairake anak tanpa bapak, embuh ning endi lan sapa sing gawe nganti dadi
anak ya ora ana sing mangerteni kecuali Mbok Cas dewe. kanggo nguripi anake
sing ora duwe bapak iku dewekke kudu lunga buruh nyang sawah, pegawean apa wae
dilakoni nandur pari,bibit,panen,ngepeki kacang utawa apa bae penting pawon
kumebul. Saiki mbok Cas wis ora nom maneh ning uripe ora kaya biyen sing
kelunta-lunta. Barang Lasmi wis prawan, Mbok Cas kari nampa duwit saka anakke
bae, Lasmi dadi pembantu ana ing Jakarta. Setaun pisan narti nembe bali. Ning
ana kabar kang gawe geger wis rong taun Lasmi ora bali nyang ngomah. Simbokke
penyakiten ora nana sing ngrumat amarga ora duwe sedulur, paling mung tangga
sing kulur lan melas sing ngrumati.
Yu Darmi lagi mijeti sikile Mbok Cas, wong loro
dedongengan lan ngrasani Lasmi kapan baline, larane Mbok Cas wis ora patia
parah saiki wis bisa di gawa jagok. Ning ngarep wit pelem ngarep omah wong loro
lagi padha pijetan. Ana motor GL Pro mandeg , motor kui di tunggangi wong
lanang siji heleman lan wong wedok nganggo klambi biru,rok sepan warna ireng
nggendong bayi nganggo jarik kawung. Banjur sing wedok mudun,sing lanang isik
ning duwur motor lan nyekelake tas gedhe, banjur tas mau diwenehake marang wong
wedok sing gendong bayi.ora suwe wong wedo mau bukak dompet banjur maringi
duwit marang wong lanang heleman mau. Suwi-suwi kok saya nyedaki wong loro sing
lagi padha pijetan.
“mbok, aku bali……”
“lho kowe Las, kowe nggendong anake sapa?” pitakone
Mbok Cas rada kaget.
“mbok ya kon mlebu disik aja ditodong ngono ta yu,
anake bali ka ya” sambunge yu darmi.
Omongane yu darmi mau ana benere yen becike Lasmi
mlebu ana ngomah disik sakdurunge ditakoni luwih akeh meneh. Barang wis tekan
jero omah lan nyauri pitakonan sako mbokne,Lasmi ngakuni yen bayi lanang iku
anake saka hasil hubungan gelap karo
salahsijining priya.
Kanggo nutupi aib iku Lasmi ngaku yen bayi iku anak
majikane sing lunga nyang ngendi banjur di titipake marang deweke. Tanggane
pada percaya marang cerita karangane Lasmi iku, nganti bayi lanang iku saiki wis
jaka lan duweni nama Prasetyo.
Beda maneh cerita saka keluarga kang apik banget , yen
disawang saka ngendiwae keluarga iku harmonis lan tentrenm yaiku keluarga pak
Rajito. Pak Rajito duwe anak lima,sing papat wadon lan lanange siji. Sing
mbarep lanang jenenge Rahman saiki nyambutgawe ana jakarta dadi progamer ana
salahsijining tv suasta, bayarane akih bisa nyukupi kebutuhan sekeluarga,yen
adine Sinta uga wis nyambutgawe ana Surabaya dadi marketing ana perusahaan
logam, adine maneh Desi uga wis nyambutgawe ana semarang. Sing nomor papat
jejenge Tantilan sing terahir Risma isik
kelas loro Mts.
Sakbubare lulus SMK Tanti ora kaya kangmas mbakyune
sing njaluk kuliyah utawa langsung golek gawean, ning deweke milih ning ngomah ngrumati bapake
sing wis sepuh. Lan ngrumati adine sing cilik amarga wis ditinggal deninng
ibune nyang alam liya. Tanti wis ora weruh ibune kawit kelas 2 telu SMP, mula
saiki wis ora kaget yen ngurusi kabeh kebutuan ana ngomah, ya termasuk ngurusi keuangan keluarga.tanti iku bocahe
sopan, pengertian, ngerti marang kahanane keluarga, alim, seneng nyang musola.
Saben wengi gaaweane muang ngaji bocah sing ana ning desane. Tanpa bayaran
Tanti ngajari bocah-bocah cilik nganti ana sing lolos Mtq tingkat propinsi
barang.
Ning nasib elek tumeka ing awake nalika lebar mulang
ngaji bocah-bocah, kahanane udan gede kebeneran ora nana payung. Jarak saka
ngomah tekan papan kanggo mulang ngaji bocah-bocah iku adoh. Wengi iku ana
Prasetya liwat gawa baang pirang-pirang
mlakune kangelan merga gawa barang akih lan amung duwe tangan loro, Tanti sing
pancen duwe sipat seneng tetulung ikuu banjur nyeluki Prasetio.
“kang pras, kok dewekan bae?”
“iya dik, e…. lha dene durung balik nganti wengi
ngene?” wangsulane Prasetio
“hee kang , rak ana payung ya tur wengi aku ora wani
bali dewe”
“la kok nganti wengi, biasane jam sanga wis padha
bubar, si ana acara apanan?” pitakonane Prasetio sing kangelan nahan barang
kang ana ing tangane, banjur nyedaki Tanti lan nyelehke barang mau.
“mau nlatih bocah arep lomba nyang Surabaya kang”
“oalah yen ngono bali bareng aku bae piye? Iki tulung
cekelna payunge aku sing gawa barange” ajakane Prasetio mantep karana kangelan
gawa payung.
“oh kangono ya kang iya wis nak ngono, aku ya mesti
digoleki bapak”
Ing tengahing dalan udan angin kenceng, akhire wong
loro mutusna yen leren disik ning gubug ing ngisor wit pring gading. Embuh
iprit utawa ana setan lewat ujug-ujug mak jenggelak Prasetio kelingan nalika
mbokne mangsuli pitakone babagan bapakne, mboke cerita yen sejatine bapake
Prasetio yaiku Rajito, ora liya ya bapake Tanti bocah ayu kinis-kinis kang ana
ing jejre deweke.
Rajito biyen mula iya buruh bareng simboke Prasetio
wong loro padha bae senenge. Saben mergawe bareng mangkat bareng mulih iya
bareng, barang loro-lorone padha seneng lan wis nglakoni tumindak kang ora becik. Rajito ora gelem tanggung
jawab, karane deweke isin merga Lasmi anake wong ora duwe lan ora duwe bapak.
Bedha kahanane karo keluargane sing terpandang,anake wong sugih lan mulya ana
desa. Barang nglakoni iku Rajito lunga tanpa ana kabar, ning Lasmi lila legawa
nalika keprungu Rajito bakal nikah karo randha sugih kampung sisih. Dee tetep
ngrumati anak sing ora di akuni nyang Rajita tetep nyayangi lan ora ana dendam
babarblas.
Prasetio kelingan cerita mbokne, dasare bocah iku
tresna lan bekti banget nyang mbokne. Angen-angen kanggo balas dendam akhire ngajak bocah ayu iku kanggo nglakoni perkara
sing ala, ya ora dinyana sing jenenge cah loro lanang wadon ana sepi,adooh wong
kelakon.
Wis kacek telung wulan saka iku wong desa padha geger
keprungu kabar tanti meteng ning jaba. Meteng ora duwe bojo.

Cerita
Cupang
(Dening
:Reni Anggraeni)
Olehe
nangis wis rampung,wis mangsane kudu rampung. Sing dirumati saiki wis ora nana.
Sing dirumat saben dina, dipakani,dijaga lan ditresnani. Ning tangis iku kudu
dipungkasi karana yen ora dirampungi diarani wong ora waras.
Ratri
mbukak Blackberry sing wernane abang ati iku banjur nulis “mas, adk nyuwun
ngapunten. Kula boten saget njagi amanahe sampeyan”. Tulisan kuwi banjur
dikirimake nyang kontak sing jenenge Mz Edo. Ning nganti suwi pesen iku dikirim
during ana balesan saka Edo. Ya ora maido yen balese sui ngelingi Edo sing lagi
ana kegiatan,deweke mahasiswa semester pitu sing lagi nempuh KKN ing saijining
desa mula deweke nitipke cupange nyang Ratri pacare. Barng wis telung jam saka
dikirime Blackberry abang ati iku muni “klentung” ikku tandne ana sms mplebu,
dibukak bener ana sms balesan saka Edo,sing unine
“lho
wonten napa dik?” balesan pertama saka Edo.
“adik
ngapunten sampun lalai mas L”
“wonten
napa ta? Ko mas malah bingung napa ingkang dimaksud?”
Ratri
nulis balesan sing unine”cupange mati mas” banjur dikirimake nyang Edo, kaya
padhatane suwi olehe Edo bales, karo mbas mbis nangis cupang sing ana toples
cilik iku diobah-obahna nanging cupang
sing werna biru iku ora nana gerake maneh
ora kentekan akal cupang iku banjur digawa nyang kamarmandi deweke mikir
sapa ngerti yen cupange di delehna ana bak mandi bias gerak maneh, ratri duwe
angen-ngen menawa cupange iku semaput jalaran kurang udara uga kurang tempat
olehe renang ana toples cilik mau.
Ing jero
penggalihe deweke ws was jalaran Edo ora balei ngnti suwi luwih saka telung
jam, ora kaya biasane edo ora balesi sms nganti suwi kayangene. Ratri mikir
yenEdo bakal jengkelkrana cupang sing
dititipke nyang Ratri mati. Padahal wis diwanti-wanti sakdurunge mangkat KKN
yen dijaga paik-apik cupange iku , ora dipaido sebab cupang iku kesayangane
Edo.
Jarum
dawa wis tumuju ing angka telu lan jarum sing endek wis anaing angka rolas iku
tandane yen wis jam telu sore, Ratri nembe kelingan yen jam telu ana kuliyah
banjur cepet-cepet ganti klambi plyu gage nyang kampus nganti lali ora
jungktan.
Bali
saka kampus kok rame ana kos, “ana apa donge, matuh padha geger paling ana sing
gawe kesalahan iki.” Ora nyadar yen
deweke sing salah langsung mplebu kamar bae.
“tri….
Tri…. Mene leh” suwarane mbak Dinar sing nyeluki Ratri.
“ana apa
mbak?” jawbe Ratri sing lagi nyelehake tas ning duwur amben. Rari banjur metu
saka kamar.
“cupangmu
nhu… iki ing bak mandi. Ature mbak Dinar.
“ya
Allah, sapa sing tega ndokokke cupangku ana bakmandi? Sing ngendokke sapa mbak
sampean reti apa ora?”
“lho ya
aku ora ngerti ta, sing cetha iki ambu cupang banyune sing atnggung jawab
sapa?”

“heeh
iku spa sing ndokokke cupangku nang bakmandi? Ndang tnggung jawab iki ya
cupangku wis ora nana napase huhuhu….. “ ngomel-omel samba rembes Ratri.
“ ya ora
ngerti aku dik” sambunge mbak Mira.
Assalamualaikum….
Suara
salam saka ngarep “walaikum salam” sing
bali iku Dina. Dina banjur nimbrung ngomong.
“ealah
Tri tri bukane kowe mau sing ndelehke cupang ning bakmandi, kan cupangmu wis
mati, mau sing mewek ning kamar banjur nangisi cupang sapa? Sing jare bakal
diputus nyang Edo sapa? Bocah kok pikun
isik nom wis pikun ko nak tuwa dadi apa?”
“masyaallah
haa ding walah BB ndi BB ku?” Ratri kabyak nggoleki ponsele. Di delok ora nana
balesan saka Edo. Pikirane nggambyang yen Edo jengkel banjur deweke di putu
gara-gara cupang mati . BB diangkat banjur tanggan nari-nari ana pencetan lan
goeki kontak jenenge Mz Edo laan di telpon. Dudu Edo sing jwab ning suara wong
wadon ayu sing unine “pulsa anda tidak mencukupi untuk panggilan ini”.
Ealah
tiwas wis nangis wis piker macem-macem, banjur tuku pulsa lan telpon pacare
ning respon saka Edo ora kaya apa sing dipikirake Ratri ning mung “boten
napa-npa lawong mpun takdire mati”.
Ratri
among mpongo bingung,maksude Edo kuwi kepiye lawongan cupang sing dititipake
nyang Ratri iku kon njaga, aja nganti mati. Ning jawaban saka Edo gawe bingunge
Ratri. Jawaban sing ora dinyana-nyana lan ora dikira.
Pancen
Edo iku wonge sabar, ora neko-neko. KKN wis bar saiki Edo bsli lan ketemu
marang Ratri. Kaya padhatane wong loro omong-omongan sing didongeng ya kaya
padhatane wong lanang lan wadon sing lagi pacaran. Edo nggawa bungkusan ana
plastic werna ireng, plastic kui dibukak banjur kandha marang ratri “dik aku
duwe sesuatu kanggo awakmu”
“napa
mz” jawabe Ratri penasaran.
“ada deh
hehe…” Edo ngecece
“hie
napa?” pitakone Ratri san saya
penasaran.
Bungkusan
ning plastic ireng iku banjur dibukak nanging isik di delikake amarga Edo
kepingin gawe Ratri tambah penasaran.
“ditebak
riyin a, isine napa jal?” Edo nggodani pacare sing biyasane muthungan iku,
amerga Edo seneng yen pacare lagi muthung lan ngrundel dewe ning buri sing samba ,manyun-manyun.
“halah
napa? Paling gorengan ra?” Ratri wis mulai muthung , lambene ditekuk lan
manyun.
“hie
salah, boten ta yangarang”
“halah
mbuh lah…..” Ratri wi pancen mutung.
“hehe…
ampun muthung a ndakan elik nho niku wajahe”
“panncen
elik salahe sapa gelem karo wong elik
sapa sing ngakon” Ratri mulai ngrundel dewe ning buri.
Wegahpacare
muthung lan jengkel banjur bungkusan mau dibukak, isi saka bungkusan yaiku iwak
cupang sing wernane kuning. Lenggak lenggoke cupang mau mirip kaya cupang sing
biru wekke Edo sing wis dijaluk bali nyang Gusti.
“niki
hadiah kangge adek, ampun ngambek nggih. Niki itung-itung gantuine si Buru”
(buru iku jenenge cupang sing wernane biru duwene Edo sing mati pas dititipake
marang Ratri).
“lho kok
malah dihadiahi? Donge lak kula sing nyarutang cupang e mast a?” Jawabane Ratri
sing kaget jalaran ora nyana yen bakal diwenehi cupang maneh karo pacare.
“ya
inggih ta, riyin kan sampun ngrumati Buru
ning Buru kudu bali nyang gusti saiki ki gantine cupang kuning ayu
kanggo sliramu” jawabane Edo.
Edo
ngerti yen werna kesenangane Ratri iku kuning dadi paskebeneran lagi
jalan-jalan ning pasar klewer, cedake panggon KKN e deweke weruh cupang sing
lincah wernane kuning. Banjur dituku lan digawakake bali nyang kos. Sebenere
Ratri iku bocah sing ora seneng ngingu kewan ning awit dititipi cupang Edo
saiki malah remen ngingu kewan. Ning kose sakliyane ana cupang Ratri iya ngingu
hamster. Janjane deweke seneng marang yuyu nanging kudu mikir ping pndho yen
arepngingu yuyu jarene wedhi yen ngingu yuyu yen ana tuyul mplebu kos malah
tempuhan bandhane kanca-kancane pada ilang.
Cupang
kuning iku diwenehi jeneng “jene” dijaga , saben dina diwenehi pangan nangoing
yen Ratri lagi budreg mikir tugas kadang iya lali telungdina cupange ora
diweneni pangan,dijarke ngono bae nanging ya isih urip. Yen banyune wis reged
diganti karo banyu sing anyar pangane saka pangan iwak .
Saka
kedadeyan iku Ratri dadi wong sing seneng ingu-ingu kewan maune deweke gething
karo kewan jarene among bisa ngrepoti lan ngentek-entekkke wektu nanging
jalaran buru sing ngajari yen menusa karo kewan iku isa urip dedampingan
yen kudu bisa ngerteni . ingu-ingi ndadekake semangat sing bedha kaya-kaya
duweni tanggung jawab lan rasa sing luwih peka marang mahluk ciptaane Gusti lan
duweni rasa asih sing luwih tinimbang among tenguk-tenguk lan nganggep sepele
marang mahluk liya.
Saka
hobine sing mbiyen kepeksa saiki bareng wis lulus lan entok gelar S.Pd. Ratri
nyambi usaha peternakan lan pembudidayaan cupang, ora mung cupang deweke uga
duwe tambak lele sing bisa gawe nambah-nambahi penghasilan. Cupang lan iwak
hiyas didol nyang pengepul ning kutha, yen lele dijarke ana tambak kadang ana
warga sing goleki kanggo mantu,utawa kanggo lawuh ana took , padha mara
dewe-dewe nyang omahe Ratri.
Dudu
sarjana perikanan nanging bisa mbudidayakake iwak hiyas lan lele, ya mung
cilikan nanging Ratri sukur martang gusti saka hobi sing awale ora
dikepinginake ndadekake rejeki ning buri keroine. Yen kelingan jaman biyen
Ratri kudu kesuwun marang Cupang biru (Buru) lan kudu kesuwun marang Edo mantan
pacare sing saiki dadi bapak saka Rino lan Elda.
Bocah
kembar sing ngancani uripe saiki buah hatine. Sing paling penting iku
sukur marang gusti sing menehi dalan kanggo uripe saka dalan sing dijalario
cupang biru.
Saiki
cupang biru wis duwe putu akih lan bisa gasilake duwit sing mplayan kanggo
nambahi blanjan. Wujude wis ora ana nanging semangat la kenangan saka deweke
isik ana ing ati lan pikiran. Maturnuwun Buru.
Cupang
bae bisa gawe pikirane wong kebukak yen menusa iku kudu andum katresnan lan
duweni keikhlasan ning urip apamaneh padha-padha menusa sing duweni akal kudune
iya luwih saka kuwi, luwih bisa ngajeni wong liya lan ikhlas ngadepi gesang ana
donya iki.